MENUR – Dening Mbokde Wiek

By: On: Dibaca: 71,547x
MENUR – Dening  Mbokde Wiek

 Esuk uthuk – uthuk kluruke si Jengger temlawung keprungu.

Simbok celuk –celuk, “ Nur..Menur, tanggi Nur.”

Uget – uget sing neng njero senthong karo nyuwara lirih, “ Opo mbok wong aku iseh ngantuk kok kon tangi mruput.”

Woalah, bocah kok malah semaur di celukke mbokne. La kae neng pawon simbok ws marut kambil arep nggo nglodeh kluweh piranti ngirim bapakne Menur. Bapakne Menur wis bar subuh mau nyekel garu luku arep kanggo buruh megawe sawahe pak Lurah. Sing wis diborongke bapakne Menur.

Menur anak ontang –anting sing kawit cilik oara tau ngerti gawean, sawetara mbokne wis mulang carane nguleg bumbu pecakan tempe, carane ngangsu ngindhit klenthing, carane nutu gabah supaya dadi beras utawane menir. Ewa semono, si Menur ora nggatekke wulangane Simbok.

Karo ucek –ucek mata, Menur nyaketi mbokne neng pawon sing lagi ndamu dingkel supaya urip genine. “ Ana apa to mbok, iseh esuk kok gugah – guagh?.

“ Hayo tangia Nur, iki simbok arep njangan kluweh, gawea bumbune ben cepet mateng, ndang nggo ngirim bapakmu!”

Sinambi njipuk cowek lan munthu Menur ce;lathu , “ Bumbune apa Mbok?.

Nur ..Nur..apa yo wis prawan kok durung ngerti bumbu lodheh. “ Njipuk Lombok, brambang , bawang, uyah wis mesthi, diwenehi miri, nek wis di uleg tambahana rese , gula jawa lan tempe bosok.”

Si Menur anggone nguleg iseh karo merem. Ketokke yo iseh ngantuk. Sakwise bumbu di uleg , cowek diwenehake simbok. “ Iki mbok, aku arep nang mburi sikik, arep raup”.

Nalika Menur nang mburi simbok ingkul anggone nyacah kluweh. “ Nur, iki segane di wadhahi cething  sing ana neng paga mburi kae, jipuken cethinge!”prentahe mbokne Menur marang anak wedok sing lagi rampung raup.

Sinambi ngelap raine sing ireng manis, Menur tumandang nyaut cething pring sing ana ndhuwur paga mburi omah. Gage madhai sega seka dandang neng cething. Menur bocah manut marang wong tuwane, mung ora iso masak babar pisan. Sega lawuh arupa tahu goreng lan jangan lodheh wis cumawis siap di gawa sawah ngirim bapakne Menur sing lagi megawe ana ing sawahe pak Lurah. Pak lurah wis pasrah marang bapakne Menur supaya sawah di garap. Dadi nalika nggarap sawah sing wajib ngirim sega lawuh nang sawah ya mbokne Menur. Lumantar anak wadokke  yaiku Menur, simbok ngirim sarapan kanggo bapakne Menur. “ Mbok, aku tak adus disik yo, kareben ketok seger, ora ngantuk kaya  ngene iki wae.” Jaluke Menur marang Mbokne.Simbok njawab. “ Yo w is gek uwis ben bapakmu ora ngenteni wae”.

Sakwise rampung adus, macak jungkatan, Menur menyang pawon nemoni mbokne,” Mbok endi siang arep di gawa sawah?’pitakone Menur. Simbok ora gage semaur malah kami tenggengen nyawang Menur. Jroning ati si simbok ngalem anake wedok sing ws lulus Sekolah Pendidikan Guru sesasi kepungkur. Menur esuk kuwi ketok ayu lan seger, pakulitane sing ora putih katon resik. Rupa ireng manis nggawe si mbok katon seneng, Mergo anak wedok siji wis nedheng – nedhenge megar. “ Mbok….mbok, npapa to kok malah nyawang aku wae?’Menur aruh –aruh simbok. Sanalika mbokne kaget lan semau   “Iki ndang di gawa sawah kana!’

Si Menur nyaut cething di gendong sinambi nyangking rantang isi lawuh lan jangan lodheh karemane bapakne Menur. Turut galengan si Menur ngangen –angen lan mikir, sawise lulus sekolah njur arep ngopo. Wis sesasi nganggur neng ngomah, arep kuliah bapak simboke ora kuat ragat. Menur mung duwe kesibukan gawe tas lan dompet seko bolah rajut. Wis ana telu tas di pesen bu Lurah.

Ora watara suwe Menur tekan galengan sing lagi nggo lungguh bapakne sinambi udut linthingan. ‘ Pak, iki lho kirimane simbok, wis teka, enak jangane lho pak.”

Bapakne semaur, “ Yan nok, deleh kene ana sandhinge bapak, bapak durung luwe.”

Menur ndelehake kiriman kuwi mau ana ing galengan.. Sinambi nunggu bapakne, Menur methiki godhong lembayung welingane simbok. Sinambi rengeng – rengeng, Menur tlaten nurut galengan. Ora krasa polahe Menur ana sing nggatekke. Jebule ana ing sawah sisih kulon sawah sing agek di garap bapakne Menur ana pak Lurah lan putra ragile kang lagi methiki jagung sing wis tuwa.

Nalika tekan galengan sawah kulone, Menur kaget mergo krungu ana wong dehem.

“ Ojo kaget Nur, iki aku pak lurah.” Celathune pak lurah

“ Inggih pak…” Jawabe Menur karo isin- isin nalika weruh ana joko bagus nang sandhinge Pak Lurah.

‘Nur iki kenalke, anakku sing ragil, jenenge Sutopo!’ banjur Pak Lurah nggeret tangane putrane.

Menur salaman karo lirih ngucapke jenenge, semono ugo Sutopo ugo nyebutke jenenge. Pak Lurah njarak nglungani bocah sakloron, nyaketi bapakne Menur sing lagi lungguhan leren nang galengan. Ora watara suwe pak lurah celuk –celuk putrane di ajak kundur.

Menur ndomblong nalika pak lurah kundur runtung – runtung karo putrane si mas Topo.

“Pak…kae mau apa putrane pak Lurah, kok aku durung tau weruh yo?’ pitakone Menur marang bapakne. Sinambi mbukak kiriman sega, bapakne Menur semaur, “ la iyo wong mas Topo suwe nang perantauan dadi polisi neng Kalimantan.”

Menur sansaya ndomblong krungu katerangane bapakne. Sakwise bapakne rampung sarapan, Menur natani cething lan liyane di gawa mulih. Semparet Menur ninggal bapakne tumuju menyang ngomah.

Simbok nyawang menur kok ora sebaene..legeg –legeg karo ngalamun. “ Nur ayo pada sarapan disik!” Menur ora semaur, sajakke yo ora krungu. Banjur simbok nabok pundhake Menur, Menur gragapan isin, “ Ana opo mbok?’

Simbok ngulungi piring marang Menur, diajak sarapan bareng. Sawise sarapan Menur mlebu kamar ora metu – metu. Si mbokne Menur banjur nusul bapakne Menur ana sawah.

Jebul nang sawah wis ana bu Lurah. Bu Lurah ngedika, “ Yu, ngko mbengi bar ngisak aku arep nang ngomahmu yo, arep dolan karo ana perlu sethithik.”

“Inggih bu , monggo” Jawabe simbok.

Watara jam wolu mbengi, nalika Menur lagi sholat ngisak, lawang ngarep ana sing ndhondhok. Simbok gagean mbuka lawang. Simbok kaget amarga sing rawuh pak Lurah sekalian lan putrane sakloron sing mbak Ranti mbarepe pak Lurah lan sing ragil mas Topo.

Bapakne  lan simbokne Menur ngaturi Pak Lurah sekeluarga lenggah. “ Nur… ayo gawe unjukkan yo!’ simbok prentah Menur. Si Menur ora semaur,nanging gage nyopot rukuh lan tumuju pawon nggawe teh legi.

Ora sawetara suwe menur metu ngladeni unjukkan tamune. Semu kaget Menut tumungkul ora wani nyawang tamu – tamune. Kok kadingaren Pak Lurah rawuh sekeluarga, aja –aja bapak simbok duwe utang , banjur pada nagih wengi iki.’ Nur…aja mlebu, ngene lungguh kene wae !’ dawuhe mbak Ranti. Menur ora wani   njawab, mung manut lungguh nang sisihe simbokne sinambi iseh mangku baki.

Atine Menur tratapan ora karuan. Ana apa iki. Nalika kuwi pak Lurah ngendika mbukaki rembuk. ‘ Nur… saiki gaweanmu apa neng ngomah sakwise lulus?”

Menur durung nganti semaur, simbokne sing matur amarga ngerti Menur semu wedi – wedi. “ Nggih mbantu – mbantu kula wonten wingking pak’

“ Ngene Yu…Kang…lan kowe Nur… langsung wae yo, iki anakku ragil si Topo kuwi nang Kalimantan ana kursusan anyar sing mulang bocah wadon –wadon supaya pinter mangsak lan ngurus omah, upama kowe dikursuske neng Kalimantan karo mas Topo piye Nur?’  penjalukke bu Lurah.

Menur tambah kaget, kursus kok adoh banget. Bapak lan mbokne Menur yo ora beda kagete.” Lha mangkeh anak kula Menur manggene teng rika kalih sinten, gek tebih sanget, kula mboten mentala bu.’ Jawabe mbokne Menur

Pak Lurah Ngendika, “ Ngene ya kang ..yu…terus terang wae, yen oleh lan Menur gelem, mengko nang Kalimantan Menur manggone saomah karo Mas Topo..ning syarate Menur kudu gelem ijab karo mas Topo.”

Grobyak…prang…. Baki blek sing nang pangkone Menur tiba nang jogan. Kabeh dadi kaget. Menur dadi adem panan kringet adem mili sanalika. Simbok nggabruk nag pangkone bu Lurah. Bapakne menur mleleng ora kedep. Beda karo mbak Ranti karo mas Topo..pada mesam – mesem. Apa meneh Topo….wis ketemu prawan “idamane”.

“Kang..  anakku Topo mulih pancen sengaja arep nglamar anakmu Menur, wis suwe mbak Ranti lan Bu lurah ngamati polahe Menur saben ndinane. Lan wis ngirim potomu Nur..liwat Wa neng Mas Topo, ngapurane yo kang.. yu ..lan kowe Nur..nek Mbak Ranti sok nyolong moto kowe..hehehe.”

Bapakne Menur semaur, “ Sedaya namung kula pasrahaken Menur, piye Nur…gelem apa ora di boyong Mas Topo neng Kalimantan?’.

Menur isin –isin meneng wae. Mbak Ranti nyedhaki, “ Piye Nur dadi adhiku wedok. Aku ora duwe adhi wedok lho ?’

Menur Manthuk alon. “ Alhamdulillah.’  celathune Topo kanthi swara rada sero.

Nur Menur bejamu Nur…ana joko wis dadi uwong… kerso ngrengkuh kowe. Mangka mung anakke buruh tani ora duwe apa- apa. Bejane bapak lan simbokne Menur, buruh polos ora tau ngersula malah ana priyayi gung ngersakake dadi besan. Kuwi jenenge urip ora bisa dikira –kira dening manugsa. Kaya dene si Menur sing nrima ora kuliah merga kahanan wong tuwane sing ora duwe. (penulis adalah Kepala SD Negeri 2 Kedungmenjangan Purbalingga)

 

 

 

 

 

 

 

No Responses

Leave a Reply

error: Content is protected !!